Alamate Anak Sholeh & Padang Bulan 《》 Firqoh Al-Hasyimi

Поделиться
HTML-код
  • Опубликовано: 19 сен 2024
  • "ALAMATE ANAK SHOLEH "
    يارسول الله سلام عليك
    يارفيع الشان والدرج
    عطفة ياجيرة العلم
    ياأهيل الجود والكرم
    Alamate anak sholeh iku papat Bakdane mukmin, anut ing syariat
    Kang dihin, lisane alus ngendikane
    Kapindo, mulyaaken ing wong tuwane
    Kaping telu, asih ing bocah cilik-cilik
    Uga marang sedulur gawe becik
    Kaping papat, ngamal anut ing ilmune
    Dadi tanggung jawab, ora ngawurane
    Iku saking ulama aweh pitutur
    Alamate bocah ingkang dadi jujur
    Muga-muga kita biso ngelampahi
    Dunyo akhirat nemuhi bilahi
    "PADANG BULAN "
    اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا ومَولانا مُحَمَّدٍ
    عَدَدَ مَا فِي عِلْمِ اللّٰهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللّٰهِ
    Padang bulan, padange koyo rino
    Rembulane sing awe-awe
    Ngelengake, ojo turu sore
    Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore
    lamun wong tuwo keliru mimpinne
    Alamat bakal alamat bakal getun mburine
    Wong tuwo loro, kundur ing ngarso pengeran
    Anak putune, rame-rame rebutan warisan
    Jaman kepungkur ono jaman jaman puntutan
    Esuk-esuk, rame-rame luru ramalan
    Gambar kucing, dikira gambar macan
    Bengi diputer bengi diputer, metu wong edan
    kurang puas, luru ramalan
    wong ora waras, dadi takonan
    Kang ditakoni, ngguyu cekaka'an
    jebul kang takon, wis ketularan
    #santri #shalawat #majlissholawat #santrisalaf #shalawatnabi #padangbulan

Комментарии • 6