LAGU POP JAWA || TRESNAKU NENG PARANGTRITIS

Поделиться
HTML-код
  • Опубликовано: 4 окт 2024
  • #MUSIK_AI
    TRESNAKU NENG PARANGTRITIS
    Dening: Tukul Bersemi
    Wulan Juli
    Pesisir kidul Yugja
    Endahing ombak gegulungan; lunga teka
    nelesi ati; ngayemke jiwa
    Angin sumilir ngelus-elus iki raga
    Srengenge suminar
    Cahya sorotè nyapu karang lan wit-witan sik ijo ngrembaka
    Srengenge iku kaya esemu
    Sik nuwuhake rasa tresna
    Nanging embuh, ati iki durung bisa wani kandha
    Tak gandeng tanganmu mlaku
    neng duwur gisikè samudra
    Payungan langit lan putihing mega-mega
    Numpak kereto tak ajak pariwisata
    Segara biru ora bakal kuciwa
    Aku tresna marang selira
    Hamung siji widodari sik ana jeruning dada
    Tak labuhke atiku neng atimu tekan tuwa
    Parangtritis talenana iki tresna
    Bantul, 25 Agustus 2024

Комментарии •